Laman

Rabu, 07 Maret 2012

Cerito "Suroboyoan" (Cerita Surabaya)

iki cerita suroboyoan (yang ngga ngerti baris disebelah kanan dekat admin)

*Cerita pak dhe PARNO dan budhe PARNI di negeri sakura*..... Wis Seminggu neng jepang Pak De karo Bu De akhire nemu restoran masakan Indonesia....Pelayane Robot model orang... Robot teko nyedakki pak de, trus ngomong :“What is your nationality?”, robot takon.“Indonesia” jare PakDe kr takjub nyawang robot iso omong

“Selamat datang”, jare robot nganggo bahasa Indonesia“Apa bahasa suku Anda?”, robot takon meneh.


“Jawa”, jare PakDe makin takjub saja“Sugeng siang. Badé pesen nopo?” Jare robot nganggo boso jowo."Canggih yo bu", PakDee ngomong karo BuDe.

Bude : “Ono rujak cingur?”, ibune takon karo robot.Robot : “Ono”

Bude : “Pesen rong porsi”Robot: “Porsi gede opo cilik?

Bude : “Porsi gede”Robot : “Lombok e piro ?”

Bude : “Sing siji loro, sing siji sepuluh”Robot : “Nganggo kangkung?”

Bude : “Yo”Robot : “Nganggo timun?”

Bude : “Yo”Robot : “Nganggo kol?”

Bude : “Yo”Robot : “Nganggo kol jowo opo kol asli jepang ?”

Pak De : “Sing endi wae lah manut ”, PakDe wis mulai rodo nesu Robot : “Kacange di uleg opo di blender ?”

Pakde : “Kuuarepmu bot!”Robot : “Kacange setengah mateng opo mateng?”

Pakde : “Goréng sing gariiiiiiing..!!” Tambah banter njawab-pe Robot : “Nganggo bawang goreng rak ?”

Pakde : “Nganggo...SU..ASU !” Pak de misuh banter banget saking mangkel-le Robot : “Dipiring opo dipincuk ?”

Pakde : “Dipiring !” Robot : “Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa ?”

Pakde : “Jelantah...dus- wedhus!! !” Nesu banget soale wis sepuluh menit dewe takon-ne tok

Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip koyo'ane lagi di mikir kr loading memoryKiro-kiro telung menitan robot'é ngomong meneh

Robot : “Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di sugohke”

Pakde : “lha Ngopo ? Aku wis ngenteni suwe banget,kok rak iso ngopo des-bedes?”, jare PakDe emosi poll

Robot : “Soale nang kene durung ono rujak sing bahane nggawe asu...bedhes karo wedhus………..”

Pakde : “Djancuuuk...Iso ediiiiiaaaan aku suwi2 nang kene! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene yo ra pathek'en!!!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar